Sabtu, 05 Juli 2014

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI A. Pangertosan Unggah-ungguh ugi asring kasebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat ujaran, utawi speech level.. Unggah-ungguhing basa Jawa yaiku trap-trapane basa Jawa kang tujuwane kanggo ngurmati utawa ngajeni wong liya. Undha-usuk basa sekawan jinis dipunbangun saking tigang perangan inggih menika : tataran tembung (kata), tataran rimbag, (frasa),ukara (carita, pitakon, prentah) B. Jinising unggah-ungguhing Basa Basa jawi menika adhedhasar wujudipun basa utawi tembung (leksikon) bakunipun wonten tiga, inggih menika basa: ngoko, madya, lan krama utawi unggah-ungguh basa menika makna lan paedhahipun mujudaken sopan santun ing bab basa (linguistic etiquette), ingkang saged kaperang dados tiga, inggih menika: low honorifics, middle honorifics, lan high honorifics. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : a. BASA MADYA Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. 1. Madya Ngoko. Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : o Aku, dadi kula o Kowé, diowahi dadi dika o Ater-ater tak- diowahi dadi kula o Ater-ater ko-diowahi dadi dika o Ater-ater di- ora owah Tuladha : • Dika niku klebu beja, olehe panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta? 2. Madyantara. Ciri-cirine Basa Madyantara : o Aku, diowahi dadi kula o Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang o Ater-ater tak-, diowahi dadi kula o Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang Tuladha : • A migunakaké Basa Madya Ngoko, B migunakaké Basa Madya Krama. A : “É, Yu nggéndhong lurik, ndika mandheg sedhéla”. B : “Napa, ajeng tumbas?” 3. Madya Krama. Ciri-ciriné antara liya: o Aku, diowahi dadi kula o Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang o Ater-ater tak-, diowahi dadi kula o Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang o Ater-ater di-, tetep ora owah. Tuladha : o Mas, tinimbang sampeyan ngresula ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng Pangeran pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala. b. BASA NGOKO Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku : 1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane : o Wong tuwa marang bocah enom o Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane o Wong apangkat dhuwur marang pegawene o Bocah cilik karo kancane 2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane : o Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade o Bojone priyayi marang sing lanang Basa ngoko andhap bisa diperang dadi : a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine : o Aku, tetep ora owah o Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas o Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah Tuladha : o Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae. b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine : o Aku, tetep ora owah o Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas o Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah Tuladha : o Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisandherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa. c. BASA KRAMA 1. Basa Krama Lugu • Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma) • Panganggone: a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni. b. Garwane priyayi marang sing kakung. c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade. Tuladha: - Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta sepedha motor mas? 2. Basa Krama Alus • Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman). • Panganggone: a. Wong enom marang wong tuwa. b. Batur marang bendarane. c. Murid marang gurune. Tuladha: - Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut. d. . BASA KEDHATON Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu. Tuladha : 1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ? Ewone basa kedhaton liyane : nedha = mangan puniku = iku wonten = ana punapi = apa dhawak = dhewe Daftar Pustaka http://shoitara-uciha.blogspot.com/2012/02/unggah-ungguh-basa-jawa.html(di akses pada hari kamis,14 mei 2014. Pukul 18.45) http://bayuriyantoxiia2.blogspot.com/2012/11/unggah-ungguh-basa-jawa-unggah-ungguh.html( di akses pada hari kamis,14 mei 2014. Pukul 18.50) http://sdwijosusastro.wordpress.com/gudhangan/3-unggah-ungguh-basa/(di akses pada hari jum’at,15 mei 2014. Pukul 20.10)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar